Sabtu, 04 April 2015

Salah Parkir


aku paling seneng nang mini market sing bebas parkir
aku yo mesti meleh sing onok tulisane BEBAS PARKIR
mari ndekek speda aku langsung mlebu toko milih2
pas wayahe moleh,aku di semprit kalo tukang parkir

aku : "opo pak...?"
t.parkir : "endi duwek e...?"
aku : "dwk opo....?"
t park : "yo duwek parkir mbak..."
aku : "bukane nang kene bebas parkir pak, lha iku onok tulase gede..."
t park : "nang kene pancen bebas parkir mbak, sampean pengen mampir nang mburi, nang ngarep, nang njero, opo nang njobo sak karepe sampean, wong jenenge bebas, tapi lahan e yo tetep ae mbayar mbak...."


*oalah...sing salah iki sing moco opo sing gae tulisan se..

0 komentar :

Posting Komentar