Sabtu, 04 April 2015

Maling HP

wingenane bengi omahe tonggoku di leboni maling
pas malinge wis oleh sahutan dek e metu lewat cendelo
dasar apes dek e lali nek jenenge maling iku gak oleh ber suara opo pun opo mane glodakan
lha sing duwe mah curiga, kok glodakane aneh gak mungkin nek iku suorone kucing
dadakno temen, dek e ketok uwong metu lwt cendelo omae
pas tarik2 an untunge sing duwe omah berhasil njupuk hp ne sing d embat karo si 'mas maling' mau

isuk2 mbk sing duwe omah oleh sms
"mbk sepurane yo, aku njauk damai ae apik2 an, hp ne pean tak balekno, tp tolong balekno hape ku, soale tak delok2 hp ku lbh apik drpd wek e pean..................."
akhire wong 2 mau janjian ketemuan, tp mbk sing duwe omah gk kalah pinter, dek e ngejak wong sak kampung gae nangkep 'mas maling'

0 komentar :

Posting Komentar